Loncang anggadhahi wujud bunder saha panjang kados pipa, ananging wonten ing pérangan pucukipun awujud lancip.[1] Werninipun ingkang bageyan ngandhap radi pethak, déné ronipun awerni ijem sepuh.[1] Ingkang limrahipun dipunkonsumsi saking oncang inggih menika bagéyan ron enèm ingkang awerni ijem saha wit semu ingkang awerni pethak.[1]
Loncang nggadhahi nami latin Allium Fistulosum.[1] Kados dipunkutip sakingTimes of India, ron loncang tuwuh wonten ing kebon China 5.000 taun kapengker.
Kejawi kanggé bahan masakan, oncang ugi saged migunani tumrap kaséhatan.[1] Oncang menika ngandhut unsur-unsur aktif ingkang saged nglawan saha mejahi baktèri saéngga saged dados antibiotik saha saged ngrangsang thukulipun sèl ing badan. [1]Kejawi menika, oncang ugi ngandhut vitamin A sahavitamin C ingkang kathah cacahipun, kalsium, protein, lemak, karbohidrat, serat saha kalori.[1] Oncang ugi saged ngicalaken iler wonten ing kerongkongan, kanggé tamba rématik, saha anémia utawi kirang rah.[1] Loncang menika nggadhahi wit semu ingkang inggilipun antawis 60-70 cm
Tidak ada komentar:
Posting Komentar